Monday, September 22, 2008

mudik

riyoyo sediluk maneh
duwek sek durung gablek
rego rego wes pating gemledak
eh, podo munggah munggah terus
balapan karo kuwalek karo discount klambi
sijine naik ke puncak nggunung
sijine turun 75%
beli satu gratis satu

riyoyo opo mangan klambi anyar tok?
gak kate mangan liyane
kupat karo opor
sambel goreng ati
atine sopo sopo sing loro ati
mumet nek ngene rekasane

riyoyo riyoyo
jare cak kandar
opo riyoyo lewat ngomahmu?
aku dewe yo sek gak ngerti
opo riyoyo tahun iki lewat malah mlebu mampir omah
mending ngenteni ngarep gang ae

riyoyo riyoyo

10.55 23.09.09

No comments: